Rabu, 18 Juli 2012

Katresnan Sejati

Katresnan Sejati

Nalika wonten rerembag bab punika kaliyan rencang, kulo kemutan ibu ingkang sampun kondur marak sowan wonten ngarsanipun Gusti. Inggih linuber lan jembar tresnanipun ibu dateng putra-putranipun. Inggih tresno ingkang sejati ingkang diparingaken ibu dateng bapak, sigaraning nyowo. Tresno punika ingkang ndadosaken gesang tansah ayem tentrem, susah, seneng saget dipun raosaken kanthi ayem.
Ibu, ingkang sampun ngandut kulo, ingkang ambabaraken kulo kanthi rekaos, ingkang sampun nglantaraken kulo ngantos dumugi ageng, mandiri kados sakmeniko. Ibu ingkang tresno kalian putra-putranipun ngagem caranipun piyambak. Ibu sanes tiyang ingkang kalem, sabar, utawi lembut. Ibu kulo punika tiyang ingkang galak, sregep, nanging alit atinipun. Dados asring menawi wonten ingkang nrenyuhaken ibu kulo namung saget nangis. Ibu ugi tiyang ingkang tertutup. Arang crios kaliyan putra-putra nopo ingkang dados  penggalihipun, namung dateng bapak ibu saget crios.
Ibu tasih alit nalika emah-emah kaliyan bapak. Seg 17 th kala semanten. Gadhah garwa bapak punika kabegjan piyambak kagem ibu. Tresno ingkang mboten dimangertosi kaliyan ibu, ibu caosaken dateng bapak. Nopo ingkang bapak paringi, ibu tampi. Nopo ingkang bapak suwun ibu caosi. Sinten ingkang ngerstosi nopo ingkang dados dalane gesang. Sinten ingkang mangertosi menawi ing tengahing bungah, bapak kedah tindak ninggalaken ibu piyambakan momong 3 lare ingkang tasih alit-alit. Nanging kolo semanten ibu tansah sabar nenggo bapak kondur. Kulo nate tanglet kaliyan ibu: ibu kenging nopo mboten menikah malih wekdal niku? Ibu namung ngendiko: “Ibu eman lan melas karo bapakmu”. Punika ingkang dados ungkapaning raos tresno ibu dateng bapak. Ibu ngendiko mekaten nalika ibu gerah lan sampun mboten saget mlampah. Crios kalih mbrebes mili amargi kemutan wekdal semanten.